Copyright @Siswa_SMK_N_2_Bawang_Banjarnegara
Nama kelompok        : 1.Bungsu Adi N.
2.Hamdani Eka S.
3.Nory Wahyu I.
4.Sarifudin
Kelas                           :XII TKJ 2

Ngidol
Nang kota cilik, urip 4 bocah SMK sing uwis kancanan akrab. Pano, Satip, Uzul, lan Tuji.
 Isuk-isuk nang sekolahan.
Uzul : (mlaku mlebu kelas nyepaki Satip karo Tuji) he , pada gasik temen le mangkat?
Tuji  : Iya kiye. Dengka ko mangkat dewekan? Pano mendi?
Uzul: Paling telat kae. Nek urung di sampluk karo duit ye ora bakal tangi. Dengka ko meneng bae tip?
mbok nek ana wong ngomong melu ngomong ngapa?
 Satip: iye, nek ngomong kabeh mengko ora rampung-rampung. Nyong tak ngrungokna bae ndisit.
(“TEETT..TEETT.TEETT”) Bel mlebu moni.
Pano: (Mlayu sekebat-kebate  nuju gerbang sekolah)  Aja nganti telat!.
Satpam:(Megarna tangan sing nyekel pentungan) arep maring ndi ko?
Pano:(Mandeg) arep mlebu pak. (nang ati: modar kiye mengko nek ora teyeng mlebu siki bisa urusan karo Guru BP).
Satpam: Mengko ndisit, wong ko telat ye kudu dihukum ndisit. Sedela ye? Ngenteni pak guru ngeneh.
Pano: (Nyium-nyiumi tangane pak satpam) Tulung pak, tulung jorna ku mlebu.
Satpam: Ko agi ngapa? Ngrayu nyong? Ora bakal tyeng.
Pano: (Metu lampu neon 30watt nang ndas) jorna nyong mlebu pak. Mbarane mengko tak wei foto artis sing maen, sing keton fufune. Tapi ngenteni ku nonton konsere pas dina selasa ya pak.
Satpam: Temenan?. Iya ngana mlebu.
Pano: (mlayu maring kelas) o..satpam gampang diapusi.hehe
Pano: (Mbukak lawang kelas karo deg-degan jantunge)(kreek!) Alhamdullillah urung ana pak guru.
Hey, dengka ora pada telat?
Bocahan: Ora lah! Kaya la ko aben dina telat!
Waktu pelajaran sing 8 jam ora kerasa wis liwat.
(TEETT..TEETT..TEETT..!) Moni bel bali.
 Pano: he,zul!, sat!, ji!. Aja bali ndisit ku arep cerita karo ko pada.
Uzul: Aja nang kelas lah, nang ngisor wit ace sing biasa nggo jegongan dewek bae. Kepriwe?
Pano, Sa tip, Tuji: Mayo!
Pano, Satip, Tuji, Uzul( njegong nang ngisor wit ace)
Uzul: cepetan, jere arep cerita?
Pano: iya, geh idole nyong dina selasa arep tampil nang kota sebelah. Ku arep nonton. Ko pada arep melu apa ora?
Bocahan: bayar?
Pano: Ora, gratis paling ngebise sing mbayar.
Uzul: Idole ko sapa njane?
Pano: (nyengir) BNA48, keren anu personile wadon kabeh.
Tuji: Si sapa kuwe? Dengka ku ora tau krungu?
Pano: lah ko, anu wong ko ndesa ye ora tau krungu.haha.
Satip: (nimbrung) BNA48 kuwe idol group sing personile wadon kabeh. Sing nduwe mbokayu asli Jepang.
Pano: Lah dengka ko ngerti sat?
Uzul: (nglirik)wes, meneng-meneng jebule kaya kuwe si Satip. BAHAYE!
Tuji: Nyong tambah bingung jah.
Uzul: Uwis ora usah dipikir mbok ndase dadi botak.
Pano: Kepriwe genahe? Pada gelem ora nek ora gelem berarti pada tega karo nyong.
Uzul: lo bisane kaya kuwe?
Pano: Ye bisa wong ko pada kan kancane nyong.
Bocahan: Ya kena. Sing penting ongkos bis’e sing mbayar Pano.haha
Pano: (brak!)mumet nyong nek kaya kuwe.
Satip: Ji, kuwe ana madu netes nang ndase ko.
Bocahan: mendi?
Tuji: (ndulek-ndulek madu neng ndas)Ih dengka madu warnane putih  ya? Hefh, mambune ora legi maning.
Uzul: Dilat jal ji?
Tuji: asem, anu tebelek manuk ka.
Bocahan: hahaha.
Dina minggu nang ngarep umahe Pano.
Pano: (nyekel lighstick 2) Oi! Oi! Oi! ,fiber – fire –diver Oi! Oi! Oi!
Tuji: (mlaku ngliwati umahe Pano) ko si agi kumat apa no, dengka isuk-isuk wis dolanan senter, karo tulung-tulung maning. Uwis ora waras apa ko?
Pano: Maning, Ko kuwi sing ora waras. Iki kuwi yel-yel nggo ndukung BNA48.
Tuji: ye ngapura, aku ora ngerti. Ku melu ulih?
Pano: Ngene gari.
Pano lan Tuji: (nggerak-nggerakna awak meluni musik) Oi! Oi! Oi!
Dina senin isuk, kegiatan sing paling disenengi lan disebeli dilakoni maning, yakuwe sekolah.
Tuji, Satip, lan Uzul: (mlaku nuju kelas)
Tuji: Nyong wingi latihan karo Pano.
Uzul: Latihan apa? Latihan mbedakna madu karo tembelek apa?haha
Tuji: udu lah, latihan wotagei(gerakan aweh semangat meng idol).
Satip: Wis keren. Wis teyeng?
Tuji: urung.hehe
(kreek) mbukak lawang.
Uzul: Wes Rekor anyar kiye, si Pano wis mangkat kae.
Satip lan Tuji: Mendi?
Pano: Wis ora sah brisik! Agi semangat kiye.
Uzul: Iya anu ngesuk rep nonton idole yee?
Pano:haha, ngerti bae.
(TEETT…TEETT…TEETT…!)Bel Bali moni.
Pano: Geh, pada bali, terus njaluk ijin maring wong tua nek arep nonton BNA48 ngesuk. Aja lunga nek ora diijina, tapi diusahakna kudu diizina.hehe.
Bocahan: OK
Pano: (Tekan ngumah langsung njegong nang meja makan) Pak ngenjang kulo badhe mriksani idolane
kula teng kota sebelah angsal napa mboten?
Bapake Pano: Aja! ngesuk mbok sekolah?
Pano: Anu niku konsere ndalu sanes enjang.
Bapake Pano: Tetep ora kena, wis kelas 3 dikurangi le dolan!.
Pano: (mlebu kamar, jebret!) lah kepriwe kiye masa ora ulih, padahal kesempatan nu cepak. Lah jan nyetel musik bae ngesuk jal tak bujug maning bapake.
Isuk-isuk, Dina selasane.
Pano: (ngulungna tangan meng bapake) pak angsal si napa? Kulo anu sampun ngentosi konser niki suwe. Nggih pak? Kulo kaleh pamit sekolah.
Bapake Pano: (Nampani tangane Pano) Ora, tetep ora ulih!. Wis mangkat sekolah bae ngana.
Merga anu ora semangat kaya wingi Pano mlakune alon dadi tekan sekolahan pas bel.
(TEETT..TEETT..TEETT..!)Bel masuk moni.
Satpam: Cepet mlayu no, mumpung tmbe bel kiye.
Pano: (mlaku alon) Ora lah pak nyong agi sebel.
Satpam: Cepetan, ko tak jorna mlebu, Aja kelalen fotone.
Pano: (semangat maning) iya pak, suwun wis ngejor nyong.
Pano: (mlebu kelas) aduh sial, wis ana pak guru.
Pak Guru: Pano, telat? Hukuman apa sing pas nggo Pano murid-murid?
Bocahan: Nembang mawon pak.
Pak Guru: Cepet nembang.
Pano: Enggih pak.
 BNA48-Give me five
Tomo yo
Omoide yori
Kagayaiteru
Asu wo  shinjiyou
Sou sotsugyou to wa
Degichi  ja naku
Iriguchi darou
Bocahan: (Keprok-keprok)
Pak Guru: ko pinter nembang bahasa Jepang no? Jajal sing nganggo bahasa Jawa.
Pano:  Lingsir wengi
Sepi during biso nendro
Kagodho mring wewayangan
Kang ngeridhu ati
Pak Guru: Wis jan, kiye maen kiye. Senajan seneng karo budayane Negara liya tapi aja nganti kelalen karo budayane dewek. Wis ngana njegong!.
Nang sekolah dina kiye rasane suwi mergane agi ngenten-ngenteni konsere idole. Senajan meh nonton, Pano igin bingung rep nonton apa ora mergan nang ramane ora ulih.
Bali sekolah.
Uzul, Tuhji karo Satip: (pada cerita nek pada ulih nonton nang wong tuane)
Uzul: Ko mau kenang apa dengka telat maning? Mbokan anu arep nonton idolane dadi semangat?
Pano: (Masang rai lesu) Semangat si semangat, tapi ku bingung nu ku ora ulih nonton nang ramane. Angger ku mangkt bae ku wedi mbok cilaka.
Satip: (Sifat bijaksanane metu) Aja khawatir, nyong, Uzul karo Tugi mesti nulungi ko. Mayo tak batiri pamit maring ramane ko maning.
(Cah 3 pada playon nuju umahe Pano)
Pano: Assalammuallaikum.
Bapake Pano: Wa’alaikumsalam.
Pano: Pak kula badhe nyuwun pamit malih, kulo medal maring konesere kalih kancane kula niki.
Bapake Pano: Lah nggo ngpa njane nontone konser kaya kuwe.
Satip: Nggih njane mboten wonten manfaat sing ageng. Tapi niku saged kangge pemuas ati. Nek atine sampun puas mangke ujiane dados saget nggarap.
Uzul: Nggih Saestu kados niku pak, mangke nek mboten kesampeyan malah kepikiran terus.
Bapake Pano: Ya wis nganah lah, tapi aja nganti kewengen lan ati-ati nang ndalan.
Bocahan: (Salaman karo bapake Pano) Nggih pak. Maturnuwun.
Wis ulih nang kabeh wong tuane dewek-dewek bocahan langsung pada salin klambi karo nyiap-nyiapna gawane.
(Nang halte bis)
Uzul: Kae ana bis sing teka. Munggah kae bae mayo.
Uzul, Pano, Tuji, Satip: (munggah maring bis gentian)
2 jam suwene nang bis, bocahan isine mugur pada glowehan anu saking senenge arep ndeleng konser sing pertama kanggo dweke.
Pano: ( mudun sekang bis) Asekk, akhire tekan. Weleh ramene.
Uzul: Jan kaya laut menungsa. Iki mulaine kapan no?
Pano: Jam 7 mbengi.
Uzul: iki be tembe maghrib je?
Pano: Magriban ndisit mengko Jalan-jalan . Aseng Tuji muter-muter mbok anu urung tau weruh kota.hehe
Tuji: mayo magriban terus muter-muter, mumpung nang alun-alun kota.
Satip: Aja muter-muter anu kondisine sesek busek kaya kiye mengko malah ora teyeng nonton. Meending bar magriban langsung masang nang ngarep panggung bae mayo!.
Tuji: lah, ya uwis ora papa mayo.
Bar magriban cah telu mau kae masang nang ngarep panggung nyam bi cerita-cerita. 1 jam berlalu.
Idol: Selamat malam! (nembang) Aitakatta, Aitakatta, Aitakatta yes! Denganmu.
Pano: (njikot Ls nang tas) Mayo tokna lightsticke ko pada.
1,2,3! Fiber, Fire, Diver, Oi Oi Oi!

Bocahan larut karo konsere. Harapane Pano suatu saat bisa mampir nang theater idole. (SELESAI)

Wahyunorry WnorcxDitulis Oleh : Wahyunorry Wnorcx

Artikel NGIDOL, Naskah Drama Bahasa Jawa Untuk 4 Orang, diterbitkan oleh Unknown pada hari Minggu, 08 Desember 2013. Semoga artikel ini dapat menambah wawasan Anda. Anda diperbolehkan mengcopy paste / menyebar luaskan artikel ini, namun anda harus meletakkan link dibawah ini sebagai sumbernya.

Suka artikel ini? bagikan

FacebookGoogle+Twitter

3 komentar:

  1. Jawa radha Malang karo Suroboyo iki rek? Bahasanya kurang paham :-s

    BalasHapus

Ketentuan berkomentar:
1. Setelah Anda mengirim komentar, Anda tidak dapat mengubah atau menghapusnya.
2. Comeon-Moveon berhak untuk menghapus komentar apapun yang dinilai melanggar aturan berikut ini:
- Relevan. Komentar Anda tidak sesuai topik dan tidak mempunyai kaitan dengan kiriman awal.
- Sopan. Jangan menggunakan kalimat yang mendiskriminasikan ras, seks, dan atau bernada menyerang. Komentar yang kasar, bernada kebencian, atau memfitnah tidak diijinkan.
- Cermat. Iklan atau permohonan tidak diperkenankan.
- Terpuji. Dilarang mengirimkan komentar yang melanggar hukum atau mendukung perilaku yang buruk.
- Simpatik. Tidak mengirimkan muatan yang bervirus atau komponen yang berbahaya.
- Cerdas. Komentar yang memuat informasi pribadi, seperti nomor telepon dan surat elektronik (email) akan dihapus.

 
Top