Sabtu, 24 Agustus 2013

Pidhato Pasrah Penganten Kakung

Masrahaken Calon Penganten
Sambutan pasrah penganten  yaiku kulawarga pinanganten kakung masrahaken calon penganten kakung dhateng kaluwarga calon pinanganten (utawa penganten) putri.

Urut-urutanipun Pidhato/sesorah pasrah penganten kakung :
  1. Salam pambuka
  2. Pambuka/purwaka basa (atur pakurmatan, atur puji syukur, atur panuwun)
  3. Surasa basa (salam taklim, masrahaken calon penganten/penganten)
  4. Panutup
  5. Salam panutup.
Tuladha pidhato pasrah penganten kakung :

Assalamu'alaikum wr. wb.
Nuwun,
Para sesepuh saha pinisepuh ingkang satuhu kinabekten,
sumawana para rawuh kakung saha putri ingkang dhahat kinurmatan.
Saderengipun, sumangga sareng-sareng sami hangunjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang murbeng dumadi, ingkang sampun hangayomi lampah kula sakadung satemah wiwit saking unggul pawenang dumugi ing papan menika pikantuk pangayoman dening Gusti Alloh SWT.
Kula pun setiaki, dipunutus dening panjenenganipun Raden Wrekudara. Supados :
Sepisan, ngaturaken kasugengan saha salam taklim saking panjenenganipun Raden Wrekudara. Mugiya katur dening panjenenganipun Raden Harjuna Sarimbit dalasan kaluwarga.
Kaping kalihipun, kula kinen hamasrahaken calon penganten kakung ingkang peparab Dimas Bagus Kacanegara ingkang badhe kaijabaken kaliyan Rara Ayu Pregiwa. Mugiya Dimas Bagus Kacanegara saged katampi kanthi rena ing panggalihipun Raden Harjuna sarimbit dalasan kaluwarga lan mugiya saged karengkuh kados dene putranipun piyambak.
Cekap semanten atur kula, hambokbilih wonten kithal kuciwaning atur saha kirang trapsila myang subasataning atur, kula nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
Nuwun,
Wassalamu'alaikum wr. wb.

0 komentar:

Posting Komentar

 
Top